Sabtu, 16 April 2011

Tembang Jawa Macapat

Tembang jawa mocopat wonten 11 (sewelas)
cacahe, kang gambarake jejering manungsa awit
wonten garbane ibu ngantos kapundut ing
ngarsane kang Maha Kuwaos, nggih meniko :

Tembang jawa mocopat dapat digolongkankan
menjadi 11 tembang, yang menggambarkan
jalannya kehidupan manusia sejak didalam
kandungan ibunda sampai meninggalnya untuk
menghadap Yang Maha Kuasa, yaitu :

1. Maskumambang, gambarake jabang bayi
sing isih ana kandhutane ibu, sing durung
kawruhan lanang apa wadon. Mas tegese durung
weruh lanang dan wadon.
Kumambang tegese
uripe ngambang nyang kandhutane ibune.

1.Maskumambang, Melambangkan embrio yang masih dalam
kandungan ibunya, yang belum diketahui laki atau
perempuan. Mas, artinya belum diketahui laki atau
perempuan,sedangkan Kumambang, artinya
hidupnya masih dialam kandungan ibundanya.

2. Mijil, ateges wis lahir jabang bayine wujud
lanang apa wadon

2. Mijil, Artinya sudah lahir didunia jenis kelamin laki atau
perempuan.

3. Kinanthi, saha tembung kanthi utawa tuntun,
kang ateges dituntun supaya bisa mlaku
ngambah panguripan alam ndonya.

3. Kinanthi Berasal dari kata kanthi atau menuntun, yang
artinya dituntun supaya dapat berjalan didunia ini.

4. Sinom, tegese kanoman, minangka
kalodhangan sing paling penting kanggone
remaja supaya bisa ngansu kawruh sak akeh-
akehe.

4. Sinom Artinya pemuda/remaja, disini yang terpenting
bagi remaja agar bisa menuntut ilmu yang
setinggi-tingginya.

5. Asmaradana, tegese rasa tresna, tresna
marang liyan (pria lan wanita) kang kabeh mau
wis dadi kodrat Illahi.

5. Asmaradana, Artinya mempunyai rasa cinta kasih kepada
sesamanya baik itu pria maupun wanita, karena
semua itu sudah merupakan kehendak/kodrat
Yang Maha Kuasa.

6. Gambuh, saka tembung jumbuh/sarujuk kang
ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake
antarane pria lan wanita sing pada nduweni rasa
tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip
bebrayan.

6. Gambuh, Berasal dari kata nyambung/sesuai yang artinya
kalau sudah pas selanjutnya dijodohkan antara
pria dan wanita yang sudah saling mencintai,
dengan harapan dapat menjalin kehidupan yang
langgeng.

7. Dandanggula, nggambarake wong kang lagi
seneng-senenge, apa kang digayuh bisa
kasembadan. Kelakon nduwe sisihan/keluarga,
duwe omah, urip cukup kanggo sakkeluargane.
Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong
atine bisa diarani lagu dandanggula.

7. Dandanggula, Menggambarkan seseorang yang berbahagia, apa
yang dicita-citakan dapat terlaksana. Terlaksana
mempunyai pasangan, mempunyai rumah,
kehidupan yang kecukupan untuk keluarganya.
Makanya seseorang yang sedang menemukan
kebahagiaan dapat dikarakankan ibaratn lagunya
dandanggula.

8. Durma, saka tembung darma/weweh. Wong
yen wis rumongso kacukupan uripe banjur
tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra
liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula
banjur tuwuh rasa kepingin darma/weweh
marang sapadha-padha.

8. Durma, Kabeh mau
disekunyung uga saka piwulange agama lan
watak sosiale manungsa.
Berasal dari kata pemberi. Seseorang yang
merasa kecukupan hidupnya kemudian tergugah
rasa kasihan kepada sanak saudara yang sedang
menderita, makanya tergugah ingin membantu
dan memberi pertolongan kepada siapa saja.
Semua itu diberikan pertolongan sesuai ajaran
agama dan rasa sosialnya kepada sesama.

9. Pangkur, saka tembung mungkur kang
ateges, nyingkiri hawa nepsu angkara murka,
kang dipikir tansah kepingin weweh sapadha-
padha.

9. Pangkur, Berasal dari kata meninggalkan yang artinya
menghindari hawa nafsu yang angkara murka,
semua yang dipikirkan senantiasa berkeinginan
membantu kepada sesamanya.

10. Megatruh, saka tembung megat roh utawa
pegat rohe/nyawane, awit wis titi wncine
katimbalan marak sowan mring Sing Maha
Kuasa.

10. Megatruh, Berasal dari kata lepas rohnya atau mati, karena
sudah saatnya dipanggil menghadap kepada
Yang Maha Kuasa.

11. Pucung, yen wis dadi layon/mayit banjur
dibungkus mori putih utawa dipocongk sak
durunge dikubur.

11. Pucung, Kalau sudah menjadi bangkai kemudian
dibungkus dengan kain putih atau dipocong sebelum dikebumikan.

Sumber : www.kaskus.us

Tidak ada komentar:

Posting Komentar